TERJEMAH SHOLAWAT WAHIDIYAH BAHASA JAWA

TERJEMAH SHOLAWAT WAHIDIYAH BAHASA JAWA

­

Duh gusti Alloh, duh gusti ingkang nyuwiji sifatipun, duh gusti ingkang nyuwiji dzatipun, duh gusti ingkang moho manggihaken, duh gusti ingkang moho loman, mugiho tansah paring tambahing sholawat salam lan barokah dumateng junjungan kito kanjeng Nabi Muhammad SAW lan dumateng kawulawerganipun, ingdhalem saben-saben kedipeng naidro lan saben-saben medhal melebetipun nafas sak kadhaing wicalanipun perkawis punopokemawon ingkang gusti Alloh moho ngudhanaini lan sak kadhaing peparing soho pamiharanipun gusti Alloh.

Duh gusti Alloh kadhos keahlian padhuko, mugi tansah paring tambah-tambahing sholawat salam lan barokah dumateng junjungan kito, pemimpin kito, ingkang nyafa’ati kito, kekasih lan jantung hati kito kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang madhani keahlian panjenenganipun, kawulo nyuwun dumateng paduko gusti kanthi hak kamulyaanipun kanjeng Nabi, mugiho kawulo padhuko keremake wonten ing dhelenging samudero ketauhidan, ingkang sehinggo kawulo mboten ninggali lan mboten mireng, mboten manggihaken lan mboten keraos, mboten obah lan mboten mendhel, kejawi tansah keraos wonten ing dhelenging samudero ketauhidan padhuko gusti, lan duh gusti mugi paring rizki dateng kito sedoyo arupi sampurno ning maghfiroh tuan ya Alloh, lan sampurnone peparing nikmat tuan ya Alloh, lan sampurnane ma’rifat dumateng tuan ya Alloh, lan sampurnane mahabbah dumateng tuan soho tuan asihi ingkang sampurno ya Alloh, lan sampurnane ridho dumateng tuan soho tuan ridhoni ingkang sampurno ya Alloh, lan sepindhah maleh mugi tuan tansah paring tambahing sholawat salam lan barokah dumateng kanjeng Nabi SAW dalah dumateng poro keluwargo lan sohabat-sohabatipun sak kadhaing sedoyo-sedoyo perkawis ingkang kelimput dening ilmu tuan, lan ke emot wonten ing kitab tuan kanthi rohmat tuan duh gusti ingkang moho welasing-welas lan sedoyo puji kagunganipun Alloh dzat ingkang mengerani sedoyo alam.

Duh Nabi ingkang nyafa’ati makhluk, sholawat salam mugiho kathur panjenengan, duh Nabi ingkang dadhos nur cahyane makhluk, duh Nabi ingkang nedahake poro menungso, lan duh Nabi ingkang dadhos unsure lan jiwaning makhluk, mugi panjenengan kerso paring tarbiyah lan nulungi badan kawulo, estu kanjeng Nabi menawi kawulo mboten angsal tarbiyah panjenengan, kawulo tansah dholim selami- laminipun, badan kulo babar pisan mboten minggunani tansah angsal pitulung lan tarbiyah panjenengan kanjeng Nabi, menawi kawulo panjenengan tolak lan ngantos panjenengan inggati jalaran kesageten anggen kawulo dholim lan anggon kawulo lacut, estu kajeng Nabi kawulo dadhos risak hancur binasa.

Duh pemimpin kawulo, duh utusanipun gusti Alloh

Duh Ghoutsi Hadzaz Zaman salam Alloh mugi kunjuk wonten kerso panjenengan lan kersoho paring tarbiya (bimbingan) dateng badan kawulo kanthi izinipun Alloh ta’ala, lan kersoho paring nadhroh badan kawulo kanthi nadhroh ingkang musulaken kawulo sadar dumateng gusti Alloh ingkang moho luhur.




Duh kanjeng Nabi ingkang nyafa’ati makhluk, duh kekasihipun gusti Alloh, sholawat salam Alloh mugi tansah kunjuk wonten ngerso panjenengan, regodoyo kawulo kangge karaharjaning negeri kawulo tansah buntu, mugiho pajenengan kerso nguluraken asto pertolongan panjenengan dateng kawulo sak bongso lan sedoyo umat duh pemimpin kawulo.

Duh pemimpin kawulo, duh utusanipun gusti Alloh

Duh Alloh pengeran kito, mugiho tansah paring tambahing sholawat salam dumateng kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang nyafa’ati sedoyo umat, dalah dumateng para kawulowarganipun, lan mugi umat masyarakat tuan dadhosaken     enggal-enggal sami melajeng wangsol gumawulo lan sadar nauhitaken Alloh robbul ‘alamin kanthi nindhaake wahidiyah, duh gusti pengeran kito, mugi paring maghfiroh pengapuro dumateng kito sedoyo, soho mugiho tuan paring gampil dateng sedoyo perkawis kito sedoyo, mugi paring dateng kito sedoyo kabikae manah lan mugiho paring pitedah dumateng kito sedoyo, lan mugi paring guyup rukun rumaget ingdhalem kalangan kawulo sedoyo, duh gusti pengeran kawulo.

Duh gusti Alloh, mugi paring barokah ingdhalem sedoyo makhluk ingkang tuan cipto lan ingdhalem negeri kawulo puniko ya Alloh, lan ingdhalem mujahadah kawulo ya Alloh.

Istighroq : mendhel mboten maos punopo-punopo sedoyo perhatosan lahir batin, fikiran angen-angen pengraos lan sanes-sanesipun dipun pusataken namun dhumateng gusti Alloh (mboten dateng lafadz Alloh).
Pemireng, peninggal, pengraosan, fikiran, angen-angen….. pokokipun sedoyonipun dipun arahaken namun dumateng gusti Alloh namung Alloh! Sanesipun gusti Alloh mboten dadhos acoro, laminipun istighroq nyumanggaaken masing-masing, istighroq dipun pungkasi kanthi maos surat Al-Fatihah kaping setunggal.                     Al-Fatihah…..!

Bismillahirrohmanir rohim, duh Alloh, kanthi hak agunging asmo tuan gusti lan kanthi kamulyaanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW, lan kanthi barokahipun Ghoutsi Hadzaz Zaman dalah poro pembantunipun lan sedoyo auliya’ kekasih tuan, ya Alloh ya Alloh ya Alloh rodhiyallohu ta’ala anhum, mugi tuan dumugeaken dateng ‘alamin nida’/pengajak kawulo punipun, lan mugi tuan paring labet ingkang mandes, sakyektos tuan puniko moho kuwaos dateng sedoyo perkawis lan moho ahli paring ijabah.   

Melayu songko nafsumu marek mareng gusti Alloh

Lan dawuho siro Muhammad perkoro hak wus tumeko perkoro kang bathil dadhi rusak sak temene perkoro kang bathil iku yekti rusak.

Al-Fatihah…..!   


Share this article :

Post a Comment

 
Support : Creating Website | Rahmat Efendy | Mas Rey
Copyright © 2013. sholawat wahidiyah - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Mas Rey
Proudly powered by Blogger